RINGKESAN CRITA RAKYAT BASA JAWA
"RORO JONGGRANG"
Penulis Buku :Slamet Riyanto
Penerbit : Pustaka Pelajar
Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe
sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin
karo Prabu Baka.
Nanging
kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane
kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo
senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok
naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok
putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka.
Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan
setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung
nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi
pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.
Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung
lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok.
Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.
Bandung Bandowoso mangkel nang
Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda
Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar