Powered By Blogger

Kamis, 15 Februari 2018

Ringkesan_Novel:Spookhuis Gedhong Setan

RINGKESAN NOVEL BASA JAWA
"SPOOKHUIS GEDHONG SETAN"
Gambar terkait

Penulis              :Suparto Brata
Penerbit            :Penerbit Narasi
Tahun babar     :2010
 
                     Nalika malem jemuwah kliwon sing wis ditunggu-tunggu nang Totje kanggo nepati janjine marang kanca-kancane arep mbuktekake menawi deweke ora wedi mlebu marang gedhong setan sing ana nang pasar kembang. Sederenge Totje lunga marang gedhong setan, deweke nyiapake barang bawaan sing arep digawa. Totje latian carane motret nganggo tustel. Nalika lagi motret Totje kaget ibune mlebu kamar karo mesem-mesem merga ana kancane Totje cah wadon ayu. Totje ora nyangka yen Sonia bakal teka marang umahe nang wengi kuwe. Tekane Sonia marang umahe Totje merga deweke ngerti menawi Totje arep lunga marang gedhong setan, lan Sonia arep mbatiri Totje marang gedhong setan. Sonia wis janjian karo Jaan arep ngancani Totje, tapi Totje ora ngerti menawi Jaan lan Sonia arep mbatiri deweke marang gedhong setan. Mergane menurut kanca-kancane gedhong setan terkenak angker tapi kenapa Jaan karo Sonia arep mbatiri deweke. Totje ngira yen Jaan karo Sonia bakal ngrusak rencanane, supaya Totje gagal mbuktekake marang kanca-kancane.
Akhire wong telu mau mangkat marang gedhong setan dianter dokar. Tukang dokare takon marang cah telu mau tujuane marang ngendi, sawise ngerti tujuane marang gedhong setan tukang dokar mau wedi lan ngira wong telu mau udu menungsa. Sawise tekan gedhong setan, tukang dokar mau langsung puter balik cepet-cepet.
Sawise gutul ngarep gedhong setan wong telu mau langsung mbukak gerbang ngarep sing ora dikunci. Totje mlaku paling mburi, sing nang ngarep dewek yaiku Jaan lan sing kepindo Sonia. Nalika lagi mlaku Totje nabrak Sonia sing nang ngarepe tiba mergane peteng. Jaan mlaku ninggali Sonia lan Totje. Ora suwe Jaan wis ora katon wujude lunga ndisiti. Nalika Sonia karo Totje nggoleti lungane Jaan, malah Jaan ijig-ijig mlayu marani Sonia lan Totje karo keweden merga deweke diwedeni dhemit sing matane amba saka lawang gedhong setan lan lawange ora bisa dibukak. Totje ora percaya, malah ngira kuwi akal-akalane Jaan kanggo medeni deweke. Totje tetep mlaku lah mbukak lawang sing mau jare Jaan ora bisa di bukak, tapi nang Totje bisa dibukak. Awale Totje weruh mau lawange mengo lan saiki nutup merga ana sing nutup. Sonia keweden lan njaluk bali marang Totje, tapi Totje ngomong marang Sonia nalika nang gedhong iki ora ana dhemite. Wong telu mau banjur pada mlebu, Totje langsung nyiapake tustel kanggo motret mbok menawa ana dhemit sing nongol langsung dijepret. Totje mlaku terus lan kabeh ruangan dileboni. Nalika Totje lagi muteri ruangan Jaan malah nginum-nginuman keras lan mabok. Totje tetep mlaku karo misine, ora suwe Totje weruh ana andha kanggo marang loteng. Totje manjat marang anak tangga alon-alon, nalika lagi manjat Totje krungu swarane Sonia njerit-njerit, Totje ngira yen kuwe akak-akalane Jaan maneh kanggo nggagalake rencanane Totje. Totje tetep manjat lan Sonia esih njerit-njerit nang lante ngisor, lan si Jaan malah ngguyu cekakakan. Nalika Totje tekan anak tangga sing paling ngisor deweke weruh ana wong wadon disanggul njagong nang cedak tangga. Totje langsung motret wong mau kuwi, banjur Totje nggagapi wong kuwi lan gedihe isih anget pada metu saka wetenge wong kuwi. Totje ngira yen wong kuwi tembe wae mati bunuh diri nag kono, kuwi dudu dhemit. Nalika lagi nggramaki wong wadon kuwi Totje weruh ana sing gerak saka kamar sing nang pojok loteng. Totje langsung marani marang kamar kuwi, nalika lagi mlaku marang kamar mau Totje krungu ana swara jeritane Sonia njaluk tulung merga keweden, Totje bingung arep mudun marani Sonia apa tetep marang kamar sing mau ana sing gerak. Totje krungu swarane Sonia tambah genah marani deweka tapi Totje tetep nglanjutake mlaku marang kamar sing ana nang pojok loteng mau. Nalika Totje mlebu deweke kaget weruh ana sing gemantung nang kamar, Totje langsung motret nganggo tustele, bar iki Totje langsung mlayu marani Sonia nang ngisor. Sonia keweden banget weruh Totje, Totje langsung dithuthuk  nganggo sentolop ngasi semaput. Bareng sadar Totje kaget kenangapa deweke ana nang rumah sakit lan dirubung wong akeh. Banjur mamine Totje nyritakake nalika deweke semaput dithuthuk nganggo sentolop nang Sonia. Sonia nuthuk Totje mrga deweke trauma dikira Toje kuwi Jaan. Amarga nalika wengi kuwi Sonia njerit-njerit merga arep diperkosa nang Jaan sing wis mabok. Banjur Sonia nuthuk Jaan kanthi mati. Sonia saiki kentir merga kelakuane jaan.

Ringkesan_Novel:Kunarpa Tan Bisa Kandha :v

ringkesan novel basa jawa
"Kunarpa Tan Bisa Kandha"
 Hasil gambar untuk novel kunarpa tan bisa kandha
penulis      :Suparto Brata
penerbit    :Narasi D.
tahun babar:2009
Ringkasane Cerita
Ing sawijining dina, eneng bocah jenenge Pipin. Dheweke nduwe 2 sedulur, jenenge Riris lan manik. Bocah telu kae sakben dinone ora iso akur. Mesthi ono wae perkorone. Nanging, nek pas bocah telu mau kerengan, ibune mesthi luwih mbela Pipin. Amarga Pipin kuwi anak kandunge, nanging Riris lan Manik kuwi anak tiri.
Pipin nganakake pesta tanggap warsa cara climen ing omahe, Jalan Suroyo Probolinggo. Lagi ramene pesta, ibune menyang jedhing, njerit, tiba krungkup, ketatap lingire kolah bathuke benjut, semaput. Digotong rame-rame menyang kamare. Banjur seda. Saka kedadean kuwi, para warga melu penasaran amarga prejayane Bu Sulun, ibune Pipin.
Banjur Detektip Handaka ditekakake. Dheweke nyelidhiki nemokake barang-barang yen sedane ibune Pipin amarga diprejaya. Sing mrejaya mesthi ya andher ing pestane Pipin. Nanging, kabeh uwong ana ing pestane Pipin ora ono sing ngaku. Malah podo ribut amarga melu khawatir. Bar kuwi, Pipin kelingan yen dheweke nduwe sedulur, Riris lan Manik. Detektip Handaka banjur marani boca loro kuwi mau ing ngomahe.
Esoke, pas arep dislidhiki, bocah loro kae malah dolang ing nggone kancane. Kabeh warga sing arep ndelok dadi ora iso melu ndelok. Banjur Detektip Handaka lunga dewe arep nylidhiki kuwi mau. Disetitekake Handaka, sedulur telu Pipin, Riris lan Manik, sajak ora susah ibune seda, malah katon seneng. Saka bukti kuwi mau, Detektip Handaka nyimpulake yen sing mrejayani Bu Sulun kuwi inggih menika anake tiri dewe, Riris lan Manik. Boca kae mau ngaku, dhwewke mrejayani Bu Sulun amarga ora seneng karo sifate sing mesthi mbela Pipin.
Mbengine, bocah loro kuwi mau dilebokake ing penjara amarga uwis mrejaya ibune dhewe.

Selasa, 13 Februari 2018

Ringkesan_CritaRakyat:Keong Mas

RINGKESAN CRITA RAKYAT BASA JAWA
"KEONG MAS"
Gambar terkait
 Penulis           :Tira Ikranegara
Penerbit          :Serba Jaya
Tahun terbit    :Cet 1:2008
 
 
Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

Ringkesan_CritaRakyat:Roro Jonggrang

RINGKESAN CRITA RAKYAT BASA JAWA

"RORO JONGGRANG"

Hasil gambar untuk cerita rakyat roro jonggrang dalam bahasa jawa
                   
Penulis Buku               :Slamet Riyanto
Penerbit                       : Pustaka Pelajar
                Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.
  Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.
 Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.
 Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.
 Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.

Minggu, 11 Februari 2018

Ringkesan_Novel:Sang Pangeran Pati

RINGKESAN NOVEL BASA JAWA
"SANG PANGERAN PATI"


 Hasil gambar untuk novel basa jawa sang pangeran pati


penulis              :Fitri Gunawan
penerbit            : Q Publisher
tahun terbit      :2013

             Novel kanthi judul “SANG PANGERAN PATI” dening Fitri Gunawan kuwi nyeritakaken lika-likune dunia jurnalistik kang kabuntel roman dhimen krasa kuwih nges kang duwe peran utama yaiku Suryo Baskoro.Suryo Baskoro kuwi priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-kanca kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane. Suryo duweni program kerja anyar kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro deweke di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik jurnalistik. Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo. Rampung saka masalah internal Suryo di adepi karo masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki (Koordinator Liputan) lan Sri Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin redaksi Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo Guritno sing mrentah supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal enggal di cetak. Naging saka gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa welas asih amarga deweke ngrangkep dadi wakil ketua perusahaan,wong kang ayu,pinter,welas asih iku gamabran saka Prihastuti Kusumo. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke Cahaya Kita kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah sugih. Saka tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/ pemimpin perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.
Saka masalah masalah kang di gawe karo Suryono,Suryono kaya duweni musuh piranga pirang, Suryo di culik karo utusane salah sijine calon gubernur amarga pawarta kang di wolak walik kabenerane marang Suryo,deweke di utus marang kangmase Guritno sing uga nyalon dadi gubernur. Masalah iki klebu masalh klimaks saka novel SPT iki. Suryo di sekap ana ing hotel karo wong papat utusane pesainge kangmase,kang dadi penyelamet ana ing kedadean iki yaiku Surti,Surti di kabari adhine Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora mulih rong dina awit budal kerja. Surti kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru Suryo nganggo tgeknologi canggih yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di pasang deweke ana ing plat nomer mobil X-type kendaraane Suryo. Sak banjure Suryo ketemu ana ing hotel,kmondisine Suryo mrinani banget,mripate di tutupi,tangane di banda ngansi pingget. Deweke kaget weruh Suryo ana ing kondisi kaya iku,Suryo banjur age age di gawa metu,petugas hotel arep lapuran polisi nanging di penging marang Suryo amarga yen lapur polosi Suryo bakal luwih cilaka. Surti banjur nakoni Suryo kaya wartawan lagi nakoni narapidana Korupsi ora ana late,orana ana bare nanging Suryo mung nanggepi kanthi santai amarga Suryo wis ngerti yen kuwi resikone. Ucul saka masalah kang wigati kuwi Suryo malah entuk rejeki nomplok amarga deweke bajur bisa nggarbini Surti,banjur deweke malah melu Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan S3 ngancani bojone kang entuk beasiswa kango neruske dadi doktor,wis ngono kaluwargane Prihastuti isih nyangoni kanggo uripe Suryo lan Suti ana ing Amerika,ora mung kuwi wae,Suryo uga entuk duwit saka Aryo Guritna kangmase amarga berhasil dadi Gubernur saka pangorbanane Suryo. Banjur suryo karo Surtikanthi urip tentrem ana ing Amerika.

Ringkesan_Novel:Garuda Putih

RINGKESAN NOVEL BASA JAWA
"GARUDA PUTIH"

Dening : Suparto Brata
Hasil gambar untuk novel basa jawa garuda putih
 penulis             :Suparto Brata
 Penerbit           :
Garuda Putih yaiku durjana kang kondhang ing Surabaya. Akeh kadurjanan kang wis dilakokake. Ananging angel banget dicekel dening para polisi. Garuda Putih wis suwe dadi buronane polisi. Nanging dhweke julig, tansah nduweni cara kang cerdhik nalika gawe tindak kadurjanan
Kadurjanan keri dewe kang dilakokake dening Garuda Putih yaitu kasus Abisuna kang mati diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya, dadi maling ana ing toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya. Dheweke bisa njukuk bandha kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda Putih ninggal pesen kang tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana ing serbet hotel ajeneng Hotel Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali layang kaya ngono dening Garuda Putih. Karepe polisi nyekel Garuda Putih saya memba-memba.
Kasus kadurjanan ing toko rajabranane Pak Suryapringga durung beres, teka meneh kadurjanan  dening Garuda Putih kang kasil mrejaya wong selingkuh ana ing Hotel Tretes ajeneng Abisuna. Polisi digawe budreg maneh. Garuda Putih ra kecekel.
Abisuna yaitu salah sawijining pejabat pamrentah kang lagi tugas ana ing dhaerah cedhak Tretes. Abisuna pamit marang bojone arep lunga kaprelu tugas kepara seminggu, ananging malah nggawa wong wadon liya turu ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong wadon iku jenenge Emi. Wong wadon langganan kang wis biasa dikontrak gawean ngancani turu wong liya. Ananging bojone Abisuna wis kongkon marang Bagus Pamutih supaya ngawat-awati tindak-tanduke Abisuna ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga dadi sasaran wong sing mrejaya Abisuna amarga pas mati, dheweke lagi nginep neng hotel kono kanthi kaprelu ngawat-awati Abisuna.
Abisuna katemokake mati dikendhat ana ing ngara-ara mburi hotel dening Manik lan Wicaksana, kang padha-padha dadi tamu hotel. Ana ing njero klambine Abisuna ana pesen kang tulisane “Paukumane kanggo wong slingkuh”. Tulisane iku persis karo tulisan ana ing pesene Garuda Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku ngapa sebabe kang disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih.
Pihak kepolisian kang dipimpin Kapten Muhajir digawe budreg maneh anggone ngrampungke perkara iki merga bukti kang diduweni ya mung padhane tulisan kang dinggo ngirim layang ana ing kadurjanane Garuda Putih. Pihak kepolisian kang ngrampungke perkara iki diewangi dening detektip kondhang, yaiku Detektip Handaka kang wasis anggone mbedhah perkara-perkara kadurjanan.
Detektip Handaka nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu Guritno. Rara Sumarni yaiku penakane Suhud kang nduweni hotel Argadalu. Perangane persis Garuda Putih sanajan jenenge disamar dadi Guritno. Detektip Handaka nyujani yen anggone nglakokake tindak kadurjanan Garuda Putih kui liwat Rara Sumarni kang cedhak karo wong-wongane hotel Argadalu.
Ananging kui mau mung lagi dadi sujanane pihak kepolisian lan Detektip Handaka. Ceritane gumantung amarga durung ana bukti kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.

PanjebarSemangat_Cerkak:Cewek Bonsai

CERKAK PANJEBAR SEMANGAT
"CEWEK BONSAI"


penulis           :Impian Nopitasari
penerbit         :

Kenya ayu iku kerep katon dhewekan. Praupane tansah nandang sungkawa.
Wis pirang-pirang dina iki aku digawe penasaran karo kenya ayu sing tak temoni saben mulih kuliah. Sakjane ora ketemu adhep-adhepan utawa mak sliwer ing panggonan rame. Ora kaya iku. Yen entuk milih, aku kepengin ketemu dheweke ing swasana sing kepenak lan nyenengake. Upama-a ora sengaja tabrakan, terus aku njupuki barang-barange sing tiba, njaluk ngapura, basa-basi, kenalan, akrab, terus dadian. Ah yen bagian iki tangeh nganggo lamun. Sinetron banget.
Kenya ayu iku praupane pucet lan nandang dhuhkita. Yen tak umpamake kaya kulkas mlaku. Anyep, ora nduwe daya sumringah. Jan-jane apa ta sing kok galih cah ayu? Upama gelem mesem lak ya tambah ayu. Aku gelem ngrungokke apa wae sing pengen kok critake, yen iku bisa ngurangi bebanmu. Ah aku iki sapa kanggomu wae ora jelas.
Aku ngerti dheweke saben aku mulih kuliah. Aku mangkat mulih kuliah pancen ora nganggo kendaraan alias mlaku, dadine aku bisa namatke apa wae ing samping kiwo tengenku. Tapi saka kabeh sing tak tamatke, aku tetep penasaran karo omah tingkat cat putih sing lantai loro-ne akeh wit bonsai. Ya ning kono iku aku kerep mangerteni kenya ayu sing tansah lungguh sajak sedih, aurane suwung banget.
Ing sawijining dina, aku sengaja mandheg ing ngarep omah gedhong iku ben isa suwe nyawang cewek misterius iku. Jebul tenan, saben sore ngeneki dheweke mesti lungguh ing balkon lantai loro karo bonsai-bonsai-ne. kaya-kaya dheweke ora nduwe kanca sakliyane bonsa-bonsai iku. Ora krasa aku wis suwe ngadeg nyawang dheweke. Nganti aku ora sadar yen dheweke gentian nyawang aku. Ah aku dadi salah tingkah, gage-gage aku nerusake laku karo semu isin.

“Nik, lagi nglukis apa? Wah nglukis cewek cah, sajake iku cewekmu yo Nik?,” Yudhi, kancaku kost ujug-ujug ngageti, mbuyarke konsentrasi wae.
“Ah, ora kok, gur iseng wae corat-coret Yud, apik ra?,” takokku marang dheweke.
“Ayu, tapi ketok suwung, sajake lagi nandang branta ya?,”
Aku ora nggagas omongane Yudhi sak banjure. Embuh bisikan saka endi, ujug-ujug aku nduwe rencana kenalan karo cewek bonsai iku. Wis suwe ngerti blegere mosok durung ngerti jenenge. Tapi kepriye carane kenalan ya? aku durung nduwe bayangan blas.
Sore iku sidane aku nekat pengen kenalan karo cewek bonsai iku. Untung aku iki cowok, cah lanang, dadi ya ora papa ta yen aku ngajak kenalan disik. Sawetara 15 menitan aku nyawang dheweke, akhire aku wani “ say hello” karo cewek iku. Cewek iku mesem, lah tenan ta, ayune sansaya katon.
“Aku Niko,” bengokku saka ngisor.
“Endah,”
Endah, jenenge nggambarake sing nduwe. Wis cukup kanggo dina iki. Sesuk aku mrene maneh. Endah, entenana tekaku ya.
Lukisan iki tak bungkus rapi, lukisan kenya ayu sing nduwe jeneng Endah, si cewek bonsai. Rencanaku arep mampir maneh, menehke lukisane iki. Mesti seneng banget dheweke. Sisan kenalan luwih adoh, sapa ngerti isa ngerti crita bab dheweke nandang sungkawa kerana apa.
Aku wis tekan omahe Endah. Nanging saiba gumunku, wong sing tak goleki ora ana. Biasane jam semene si Endah bakal lungguh-lungguh ngalamun sing balkon kebak bonsai iku. Apa wonge lara? Apa lunga? Tapi sak ngertiku kenya siji iki ora pernah absen lungguh ing balkon iku saben sore.
 Daripada penasaran, aku nyoba mertamu. Aku uluk salam lan gedhogi gerbange sing lumayan dhuwur iku. Tapi ora ana sing nyauri. Apa omah iki lagi suwung ya? pikirku.
“Mas, madosi sinten?,” aku kaget, ana wong nakoki aku.
“Hmm.. Endah Pak, kenya ayu ingkang saben dinten lenggah ing balkon nginggil niku,”
Bapake katon bingung. Aku apa maneh. Wong aku iki lagi anyaran ning kene kok.
“Wah Mas, griya niki sampun dangu dikosongke. Mbak Endah niku larene pak Branta ingkang seda bunuh diri, sengaja dhawah saking balkon niku. Saklajengipun sadaya keluarga pak Branta pindah saking mriki amargi mboten kuwat nandang dhuhkita,”
Jagadku peteng saknalika.

Kamis, 08 Februari 2018

Ringkesan_Novel:Tresno Toh Pati

RINGKESAN NOVEL BASA JAWA
"TRESNA TOH PATI"

Penulis             : ANY ASMARA
Penerbit           : USAHA "KAWAN" CV
Tanggal terbit : 15 JUNI 1962

            Piyayi kuna kuwi jen arep  ndjodohake anake kanggo dipetng dhisik. Saiki jamane wis maju,petungab kuwi ora mesti benere. Achmad pengarang muda,sugih tjrita,sugih kasustraan kang edi , peni ,luwes, nganti bisa gawe sengseming para wadon  kabeh , nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga dajaning. Pungkasing Uminarsih didjodohake kaliyan kersaning rama . Achmad kang ngerasa sedih banget. AkhireAchmad lunga Semarang , ton-tone tjitrane Umirnasih tetep ora ilang. Banjur mandheg ing ngarep omah ,ora weruh omahe sinten ,tapi duwe gawe (perkawinan). Dheweke kaget yen seng dadi pengantin kuwi (Minarsih). Dheweke semaput lan digawa ing jero omah . 

              Banjur sadar Achmad metu teko kamar , ing jaba ana Uminarsih.Uminarsih ngendika yen dheweke dadi pengantin kuwi ora merga mblenjani janji karo achmad dhisik jen arep urip bebarengan, ananging amarga rama kang njodohake kula kalih Dokter Renggono Lewat telung dina saka kedadeyan kuwi Achmad krungu kabar Uminarsih wes bali menjang ngarsaning pangeran. Kerana remuk atine , Achmad melbu rumah sakit kanthi pirang pirang wulan. Awit tiba mangsane Achmad pesen kalih Any yen kon ngubah kabeh sekabening lelakon dheweke , bisa dikandhani , lan sapanunggalane . Any anamung mangsuli "inshaallah". let sepasar Achmad seda bali menyang pangangjunanging pangeran. "innalillahiwainnalilahirojiunn"

Rabu, 07 Februari 2018

PanjebarSemangat_Cerkak:JODHO








Irah-irah: JODHO
Dening:A.S.Yasman
                         


Majalah : Panjebar Semangat edisi 45


Tanggal Babar : 24 Desember 2016

     Cerkak menika nggadhahi sudut pandang tiyang setunggal pamajeng utami, tokoh kula ingkang nresnani sanget kenyo ingkang gadhah nama triningsih sampun lami sareng semenjak lenggah ing bangku SMA. saleresipun kathah kanca laki-laki Triningsih ingkang menaruh manah ingipun, nanging Triningsih boten mekaten menyukai piyambake sedaya sedaya, triningsih ndawahaken manah dhumateng tokoh kula.
Ing mukawis dinten triningsih kaliyan berkaca-kaca berlimang airmata, nyriyosaken dhumateng tokoh kula, menawi piyambakipun badhe dipunrabikaken kaliyan jaler pilehan tiyang sepuhipun, mbasi kala niku Triningsih badhe nglampahi ujian akir, nanging kekajengan saking tiyang sepuhipun boten sanguh dibendung, akiripun kaliyan peksa Triningsih nginggihi keputusan tiyang sepuhipun uga akiripun emah-emah kaliyan jaler pilehan tiyang sepuhipun.
     Kadadosan ingkang boten diduga saksampune tokoh kula lulus SMA, uga kuliah akiripun tokoh kula kedadosan lolos tes CPNS uga dipunenggenaken ing griya pisakit pamerentah didaerahnya. Semenjak putus saking Triningsih tokoh kula taksih boten sanguh ngesupenaken tresnanipun dhumateng Triningsih. Dhumateng mukawis dinten kala tokoh kula taksih jagi ing griya pisakit, tokoh kula priksa satiyang simbok ingkang tergopoh-gopoh mengikuti pasien ingkang taksih dipunbekta datheng UGD.
   Sesosok simbok ingkang dipunyektos sanget dening tokoh kula jebulna yaiku bu mirah ingkang boten sanes yaiku simbok saking Triningsih estri pujaannya. Kaliyan kaget akiripun pun tokoh kula narosaken kadadosan menapa ingkang sampun kedadosan, jebulna Triningsih ngalami kecelakaan kaliyan semahipun. Nanging blai simah triningsih boten sanguh dipunrahajengaken malih uga akiripun pejah.

RingkesanNovel_Kadurakan ing Kidul Dringu


RINGKESAN NOVEL BASA JAWA
"KADURAKAN ING KIDUL DRINGU"



      Penulis             : Suparto Brata
      Penerbit           : Narasi
      Tahun  Terbit   : 2012

                 Desa dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda.
               Dina iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akehmontormaburklinteranmbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas Pandam sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil senjata api mau kuwi tandane perang. banjur Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3 meter.
                  Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudhapemudhawonten dusunipun Wimbadimboten amungngratapi kedadeyan sedaya menika. Wibadi sangasaya bingung dening kahanan menika, lajeng piyambakipun tindhak saking dusun menika pados panguripan ingkang langkung tentrem, kutha Sala ingkang dados tujuan. Wonten Sala Wimbadi saged pepanggihan malih kaliyan Kingkinarti, ingkang jebul saweg ngandhut. Kingkinarti lajeng nyariosaken kedadeyan saksampunipun Wimbadi kesah saking dusun menika.

PanjebarSemangat_Cerkak:Pak...titip Anak Kula

RINGKESAN CERKAK PANJEBAR SEMANGAT

"PAK....TITIP ANAK KULA"



Pengecap      : Panjebar Semangat
Judul cerkak : Pak... titip Anak kula
Panganggit    : Suryadi W.S


      Cerita iki saka majalah " PANJEBAR SEMANGAT " sing critane iku modele kayata cerkak sing isine akeh banget amanat ing kaguripan saiki. kayat crita iki " PAK... TITIP ANAK KULA " Lah ing ngisor iki rangkuman critane.

       Seneng- senenge wong urip jejodhowan iku yen lagi arep duwe anak siji. Iku lumrahe, nanging ora mengkono sing dialami Sukri nalika anake arep lair, watara telung taun kepungkur. Tanpa kanyana bapake maratuwa alok sajak angkuh. “wis tak omongke: aku ki kepepet” Ujar Marta, sang maratuwa. “Awit aku ora ngerti yen kowe iki wong nggombal pitulikur”. “Kula niku nembe usaha pak, dereng kasil.” saure Sukri. Langsung disuta Marta “Lha kowe,  yen wis ora duwe isin ya tetepa ana ngomah kene. Ning nek due isin kudune kowe ki wis ora wani ngambah omahku”. Dina iku uga Sukri niggalake omahe maratuwane lan bojone sing arep nglairno


Lelakon dumadi telung taun kepungkur. Wiwit iku Sukri usaha kanthi tumemen, linambaran prihatin lan nyenyuwun marang Gusti Allah. Akhire bisa nyelengi dhuwit cukup akeh, atine nyicil bungah, sedhela maneh kelakon tuku mobil lan bisa nemoni anak bojo. Nanging durung nganti kelakon tuku, Sukri oleh kabar yen Marta ngalami gagal ginjel lan kudu dioperasi cangkok ginjel nanging ora duwe wragat. Wekasane sukri runtuh atine kepingin mbantu beya operasine Marta. Alhamdulillah operasine lancar, sawise bubar operasi Marta kepingin ngerti wong apik budine sing wis gelem mbantu beya operasine sing ora sithik iku. Dokter ngulungake amplop. Ana layang unine : “Pak... kula titip anak kula, sampun disiya-siya senadyan ing badanipun mili getih kula”. Marta njegreg kaya reca, ora ngira yen sing ngragadi operasine jebul Sukri, mantune sing disiya-siya telung taun kepungkur. 

Ringkesan_Novel:Spookhuis Gedhong Setan

RINGKESAN NOVEL BASA JAWA "SPOOKHUIS GEDHONG SETAN" Penulis              :Suparto Brata Penerbit            :Penerbit Nara...